Jumat, 21 Agustus 2015

Pambukaning Atur




Nuwun, 

Kagem sedanten para dherek ingkang maos, mugi tansah rahayu wilujeng. 

Blog punika dipun damel boten kagem pamer kawruh punapa-punapa. Dhasar kula dhasare bocah mbeling boten ketulungan. Ananging wonten saklebataning kekarep kagem nguri-uri budaya kaliyan basa Jawi. Amargi Kula punika asli asal saking Gresik, mila bab anggen kula bebasan boten saged lepat saking tata cara adat budaya Gresik, ingkang tamtu boten sami kaliyan tata cara adat saking daerah lintu. Pramila agunging pangaksami kula suwun. Sampun tamtu manawi kathah lepat anggen kula patrap bebasan kaliyan bebudayan. Nyuwun Agunging Pangapunten.

Wusana, mugi-mugi kathah bab ingkang migunani tumraping kita sedanten, budaya jawi, saha nagari Nuswantara punika.


Premadi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar