Dening: Bisri Nuryadi
Gung liwang-liwung
toya megung
ayo ambyur
ambyur.. teles.. kebes..
mumpung udane deres
deres, kaya dhene netra
kang lagi mbrebes
netrane sapa?
yen ora netrane pakdhe tukimin
kang manggon ing gubuk
krengkat-krengket
sak-kukupan yoga lan semahe
Dening: Bisri Nuryadi
Ing abad sewelas
Ratu Air Langga
lengser kursi
ngenger dadi resi
nyegur ing wana
lan nglaku nyepi
Kursi kang ilang
bisa tuwuh sepi
nanging uga bisa
thukul kawicaksanan
Emane,
ing jaman sangar iki
padha nyirik nyepi
kepara njunjung kursi
Yen wis mangkene
Manungsa ora bakal
bisa nyawang
Sejatine pribadhi
Kapundhut saking: http://bisrinuryadi.blogspot.com/
Wangsulana Pitakon-pitakon iki kanti bener!
1.
Guritan ing
dhuwur goleknan guru lagu lan guru wilangane!
2. Apa kang dikarepake dening panyerat ana gatra kaping 1-4 guritan A?
3. Miturut panemumu, sapa Pak Tukimin ana gurutan A ing dhuwur?
4. Apa sing bias kok pethik saka guritan A ing dhuwur?
5. Kedadean apa kang digambarake dening panyerat ana Guritan B nalika abad
sewelas?
6. Apa kang dilakokake dening Prabu Airlangga sabanjure lengser keprabon?
7. Apa maknane tembung “Kursi”ana guritan B?
8. Apa bedane jaman saiki karo jaman biyen miturut panyerat guritan B?
9. Miturut panemumu, apa sebabe wong jaman saiki padha nyirik nyepi?
10.
Apa sing
digetuni dening panyerat ana guritan B?